Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020

Panganan Tradisional Jawa

Gambar
  Panganan tradisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerah. Kayata coto lan konro ing makasar, rendhang ing padang, lan sapanunggale. A.    Maca lan nanggapi teks      Gatekna pethilan teks ngisor iki!  GETHUK GORENG Getuk Goreng yaiku panganan khas Banyumas sing tepatnya saka Sokaraja sing digawe saka ketela wit/singkong/cassava. Getuk goreng ditemokake sacara ora sengaja nang taun 1918 saka Sanpirngad, sawong pangadol sega keliling neng daerah Sokaraja. Nang wektu kuwi getuk sing diadol ora payu, dadine dheweke nggoleki budi ben getuk kesebut isih bisa dikonsumsi. Banjur, getuk sing ora entek diadol nang dina kuwi dheweke goreng lan diadol meneh. Jebulna, panganan anyar kesebut digemari saka para panuku. Dadi kutha asal getuk goreng, neng Sokaraja saiki ana puluhan toko pangadol getuk goreng. Kokehan wong tuku getuk goreng lan panan khas liyane iki kanggo

CRITA RAKYAT

Gambar
A.     Crita Rakyat Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar ( setting ), alur ( plot ), sudhut pandhang, lan amanat. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate. 》     Titikane crita rakyat  Panyebarane kanthi lesan Duwen

Urip Bebrayan

Gambar
SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH Serat wedatama anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya,wedha tegese wulangan utawa tuntunan,dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi,wose Serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur,sinom,pocung,gambuh,lan kinanthi. A.     Maca lan nanggapi teks Serat Wedatama pupuh Pocung lan nitik guru gatra,guru lagu,lan guru wilangan Gambuh Samengko ingsun tutur sembah catur supaya lumuntur dihin raga,cipta,jiwa,rasa,kaki ing kono lamun tinemu tandha nugrahaning Manon Ø   Pupuh Gambuh ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Sapada   tembang Gambuh kiwa iki kawiwitan saka tembung samengko tekan tembung Manon. Ø   Guru gatra yaiku weweton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang Gambuh ana 5 Ø   Guru   lagu yaiku wewaton

Teks Eksposisi

Gambar
  TEKS EKSPOSISI    Teks eksposisi iku sawijining karangan kang tujuawanne nerangake utawa njelasake kedadeyan,kahanan,utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngerti kanthi cetha. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bias ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil pengamatan, panaliten, utawa pengalaman. 1.     Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan           Eksposisi mujudake swijining teks kang madharake sawijining bab kanggo pamaos supaya               pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangartene sing maca.Bab                  kang  diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:        a) Dhata faktual,yaiku sawijining kahanan kang nyata ana,lan bisa dicritakake kanthi cetha        b) Sawijining analisis utawa panafsiran objektif fakta.        c)

Aksara Jawa

Gambar
  1.  Aksara Jawa  Aksara Jawa   ( ꦲ a ꦏ꧀ꦱ ksa ꦫ ra ꦗ ja ꦮ wa ),  Hanacaraka  ( ꦲ ha ꦤ na ꦕ ca ꦫ ra ꦏ ka ), dikenal minangka  Déntawyanjana  ( ꦢꦺ dé ꦤ꧀ꦠ nta ꦮꦾ wya ꦚ꧀ꦗ nyja ꦤ na ) dan  Carakan  ( ꦕ ca ꦫ ra ꦏ ka ꦤ꧀ n ), yaiku salah sawijining aksara tradisional nusantara sing digunakake kanggo nulis basa Jawa lan sawetara basa daerah Indonesia liyane kayata basa Sunda lan Sasak. Aksara tradisional iki ana hubungane karo naskah Bali.            Cacahe ana 20 jenis, yaiku:           2. Pasangan        Aksara pasangan k asebut bakal digunakake kanggo nulis wujud suku kata sing ora ana vokal, kanggo ngilangi utawa mateni aksara swara saka aksara sadurunge.                 3.  Sandhangan                    Sandhangan yaiku tandha wacan sing salah sawijining fungsine yaiku ngganti swara vokal, aksara sing ora entuk sandhangan bakal diucapake minangka gabungan konsonan lan vokal a. Sandhangan diperang dadi telu,yaiku: Sandhangan Swara